Tulisan iki mung iso diwoco ambek sing iso boso Jowo, terutama Jowo Timuran. Lebih mantep nek iso Suroboyoan. Sing isone boso Jowo alus, yo sepurane ae, cak, mbambong ae.
Sa’jane iki lho kerjaane Cita, aku mek nyebarno ae. Cita iki koncoku, rek, dikenalno ambek Hendri, jarene “kalian sama-sama Arema”. Awal-awal sek jaim, yo. Eh mari ngono, wis ambrol kabeh koyo bendungan buanjir! Jan kene nek nggedabrus ndhek BBM iso ngomong sembarang kalir. Iku BBM nek ceblok opo dicolong, wasalam ae reputasine kene nek didelok BBM Chat-e. Nggilani yo, Cit?
Nah salah satu kerjaane Cita nek lagek horny iki yo ngirimi humor-humor sing luwih nggilani soko iki. Tapi percoyo koen, sing paling top markotop yo Suroboyo Airlines iki! Pas pertama nrimo, aku wis arep ngomong, “jianciiiik!” sampe ngguyu kemekelen. Mung sadar yo pas meeting, arep dipentung be’e!
Bar tak woco bolak-bolak, cuk, wuasu tenan joke iki, sek iso gawe ngakak sampe saiki!
Wis wocoen ae. Thanks a lot, Cita! *lah, sek keminggris*
Pramugari SUROBOYO AIRLINES:
Isuk, poro penumpang.
Engkok lek motomu pedhes, opo kupingmu budheg, emploken permene yo, cuk.
Engkok ben blai slamet, tulung deloken iki cuk: yok opo carane masang sabuk, yok opo ngancinge ben gak coplok, ben kenceng, yok opo carane nyoplok.
Klambi plampung ono ndhek ngisor kursimu, cuk. Ojok mbok nggo sik! Entenono sampek
Pakdhe Kapiten ngekeki woro2.
Iko ojok mbok pindah2, cuk! Opo maneh mbok gowo muleh, nggo mbok pajang dhek ruang tamu. Timbang tak kampleng ngarep mburi.
Ngerti gak cuk?
Iko nggo klambi plampung e, leboknno lewat tholok, kancingen sabuke ndhek ngarep.
Ojok kekencengen, engkok bingung gak isok ambegan.
Iko isok mbok sebul, sing penting ababmu gak mambu.
Ben isok ngambang ndhek mbanyu, tarik en penthil2 warna abang jambu bol iko.
Eling, tariken dhek njobo psawat, ngko gak isok metu nek ndhek njero mlembung gede.
Jeh lawange gak sedeng, isik nyantol.
Nek meh metu tekan pesawat antri yo cuk, baris koyok bebek bis holobis kuntul baris.
Nek ambegane wis mulai angel, iko masker oksigen ceblok dewe tekok nduwur ndasmu.
Kop warna kuning2 iko nggonen wong sitok. Eling yo, sitok ae, cuk, jok rebutan, ngisin2i ae!
Kertu petunjuk darurat ono ndhek sak kursi ngarepmu, wacaen.
Ojok diapalne, ngkok edan dhewe kowe, cuk.
Ngono sek yaaa! Pakdhe, mbokdhe, paklek, bulek, cak, ning, tole, wuk, ojok prengesan ae.
O iyo, nek ape moco2 penceten tutulan ndhek nduwurmu iko.
Iko nggo nguripne lampu.
Ngerti, cuk?!
————————-
Pramugari SUROBOYO AIRLINES:
Isuk, poro penumpang.
Engkok lek motomu pedhes, opo kupingmu kroso kophok’en, ndang untal’en permen’e yo.
Engkok ben slamet, tulung delok’en iki, yak opo carane masang sabuk, yok opo ngancinge ben gak coplok, ben kenceng, trus yok opo carane nyoplok.
Klambi plampung ono ndhek ngisor kursimu, ojok mbok nggo sik, enten’ono Pakdhe Kapiten ngekek’i woro2.
Iko ojok mbok pindah2, opo maneh mbok gowo muleh, opo mbok gawe adah uyuh, timbang engko’ tak pancal ndhiasmu ngarep mburi.
Ngerti ra?!
Iko nggo klambi plampung’e, lebokno lewat tholok, kancing’en sabuk’e nok ngarep.
Ojok kekencengen, engkok bingung gak isok ambegan malah matek ngrepoti koncone.
Iko isok mbok sebul, sing penting ababmu gak mambu batang tekos.
Ben isok ngambang ndhek mbanyu, tarik’en penthil2an werno abang mbranang jambu bol iko.
Eling, tariken dhek njobo psawat, ngko gak isok metu nek ndhok njero.
Mlembung gede jehhh, lawange gak sedeng, mesti nyantol’e.
Nek arep metu tekan pesawat, antri yo, baris koyok sowang2an, holopis kuntul baris, diikk.
Nek ambegan’e wis mulai angel, iko masker oksigen logor dewe tekok nduwur’e ndhiasmu, kop warna kuning2 iko nggon’en wong sitok, sitok ae.
Ojok rebutan cookk, ngisin2i!
Kertu petunjuk darurat ono ndhek sak kursi ngarepmu. Woco’en ae, ojok diapalno, ngkok mbledosh mbun2anmu.
Ngono sek yaaaa, pakdhe, mbokdhe, paklek, bulek, cak, ning, tole, wuk.
Ojok prengesan, ojok pcicilan, opo maneh smpe mentelengi pupune jejermu, timbang tak souaduk gingsulmu!
Oh iyo, nek ape moco2 pencet’en petekan nok nduwurmu iko. Iko nggo nguripno lampu.
Ngerti gak? Lek gak ngerti semprong’en sentolop ae wocoan’e, ok tel?!
Selamat mumbul nggo Suroboyo Airlines.
π π
Cita
06/14/2012 at 2:16 pm
CUUUKKKK!! ASYU! Aku ae sek ngakak moco guyonan SEPANJANG MASA Suroboyo Airlines iki. Bayangno de’e dek dukur pesawat misah misuh “cak cuk” ae, padahal uripe kene gurung musti aman sakdurunge landing (iki kok malah dowo)
Ah, Mpal… Koyok e bbm-ane kene tak save dek archive judule : “GAK MANUK-MANUK’AN” –> pasti anakku mben ga bakal mbuka. (MENURUTMU CITTT)
Kene pokok’e saling berbagi. Diantara kehornian dan keluguan, diantara desah napas dan gelak tawa.
Bagi sing ora ngerti bosoku iki, bener jarene Nauval. MBAMBONG AE.
nauvalyazid
06/14/2012 at 2:23 pm
Huahahahaha! Podo, cuk! Nek lagek leyeh2 ga jelas ambek ngupil, moco guyonan lawasmu iki lho nggarai kemekelen. :))
Kebayang yo nek ono pesawate temenan, ga budal-budal lha wong podo mbanyol kabeh, ga penumpang e, ga awak pesawat e. Yak opo iso slamet ta iku? *dibahas*
Heh, dadi asal-usule Suroboyo Airlines iki sopo se?
Cita
06/15/2012 at 8:31 am
YO MOSOK AKU NGERTIII! =))
Lek aku duwe sethitihik saham-e ngono wes tak sebar-sebar infone.
Pancen wong Jawa Timur iki jian nganggur jaya, sembarang kalir didadekno guyonan. Intine : NIKMATI SAJA.. Hahahahahahaha
Safe flight yo KangMas nang Malang. Lek gawe sabuk pengaman ojok kekencengen, ga iso ambegan engko, terus matek malah ngerepoti koncone. *cuk, ngakak maneh*
Deedee
07/21/2012 at 9:52 am
MUAHAHHAHAHAHAHA π
Iki opo tho yooo guyonane :)))